Turu Awan
Yen srengenge ndhuwur ing langit awang,
Raga wis kesel nyambut gawé tenanan,
Ojo lali ngaso, turu sedhela wae,
Sipat lan pikiran bisa gumregah maneh.
Turu sedhelok, mung rong puluh menit,
Nglegakake mripat, ngusir sempyongan,
Atine legawa, pikirane bening,
Nyambut gawe maneh ora kroso abot.
Yen turu nganti setengah jam luwih,
Uteke ngaso, rasa mumet mudhun,
Awakke seger, nyawa bali sumringah,
Kaya kembang mekar sakwise udan.
Nanging yen turu nganti sejam luwih,
Ana swara alus saka jero ati,
Nambah angen-angen, eling marang urip,
Mikir luwih jero, nglegakake jiwa.
Turu awan dudu aras-arasan,
Nanging bagéan saka kawicaksanan.
Ngaso kang pas, turu kang trep wektu,
Ndadekake urip luwih ayem lan legi.
Falima, Dulkaedah 1446
Terjemahan:
Tidur Siang
Saat matahari tinggi di langit,
Tubuh lelah bekerja dengan sungguh,
Jangan lupa istirahat, tidur sejenak saja,
Agar tubuh dan pikiran segar kembali.
Tidur sebentar, hanya dua puluh menit,
Mengusir kantuk dan rasa sempoyongan,
Hati menjadi lega, pikiran jadi jernih,
Bekerja kembali terasa ringan.
Kalau tidur hingga hampir satu jam,
Otak bisa beristirahat, pusing jadi reda,
Tubuh segar, hati terasa senang,
Seperti bunga yang mekar setelah hujan.
Jika tidur lebih dari satu jam,
Terdengar suara lembut dari dalam hati,
Menambah perenungan, ingat akan hidup,
Berpikir lebih dalam, menenangkan jiwa.
Tidur siang bukanlah kemalasan,
Melainkan bagian dari kebijaksanaan.
Istirahat yang cukup, tidur di waktu yang tepat,
Menjadikan hidup lebih tenang dan nikmat.
Turu Awan
- Puisi |
- tidur |
- siang hari |
- Puisi |
- geguritan
- 322 dibaca
Komentar
Tulis komentar baru