BABAK 2 |
||
|
Panggung sepi. Properti hilang. Tidak berapa lama Gembala memasuki panggung, berada di level 3, bemudian bergeser ke level 1, dan terahir berada di level 2 |
|
Gembala |
Keluar sambil menuntut kambing gembalaannya. Ia menoleh ke arah jauh, ke kanan, ke kiri. |
|
|
: |
Angon ning ndi … ngene iki … Kae…, ORO-ORO Bero Kono kae yo bero … Kono kae WATU thok. Mangan opo wedhusku ning kono Mosok tak golekno rambanan? Wite sopo tak jaluki rambanan? |
|
: |
Ah, lha angon ning ndi? |
|
Berpindah tempat sambil tetap menuntut kambing gembalaannya |
|
|
: |
Kono kae, Malah WARUNG thok Kae warung SEGO PECEL, Kae warung TOAK, Kae malah warung TOGEL |
|
: |
Ehm, mboh, ra pinter aku |
|
Kemudian anak gembala itu megusap-usap kepala kambingnya |
|
|
: |
Dus…, Kowe njaluk tak ngon ning ndi? Iki wayahe ketigo engkak-engkak. Ora ono palaran. Toh muleh wae? Kowe lesu leh? Tak tukokno sego pecel yo? Gelem kowe? |
|
Kambing itu pun tetap diam tidak menjawab. Maka dengan nada emosi dia membentak kambingnya |
|
|
: |
DUS!!! Semaur leh…! Ditakoni… dijak geneman kok meneng wae Tak dol engko kowe ! |
|
Kambingnya tetap diam |
|
|
: |
E … Lha uwong kok nyeneni wedhus Lak yo malah dadi bento aku |
|
Sambil menggaruk kepalanya, gembala itu menyadari kebodohannya, kemudian ia kembali berbicara kepada kambingnya |
|
|
: |
Tak engon ning kene wae yo…? Tapi iki suket ingonan Kowe kudu anut aturan Kowe ora oleh NLETHONG Kowe ora oleh NGUYOH Kowe ora oleh MLUMPAT PAGER Yo…? Nek kowe ra nurut, sing susah aku |
|
: |
Wis kowe saiki nang golek mangan kono. Tak tunggoni ning kene |
|
Kemudian Gembala itu mengikat kambingnya dan duduk bersandar menunggui kambing gembalaannya. |
|
|
: |
Nha MANGAN leh, Aku ora pe nendi-nendi, Ojo MBAK… MBEK… wae Tak tunggoni… tak tunggoni… Nha mangan… Nha wareki menisan Awas lho nek kowe NLETHONG! Tak SEMBELEH tenan kowe |
|
Gembala itu terus menunggui dan mengawasi hewan gembalaannya. Karena kambing gembalaannya tidak juga makan dan terus meronta, gembala itupun menegur kambingnya |
|
|
: |
Nha mangan sing warek leh… Py…? Ora enak…? Iki suket iki … Anggitem KARPET? Pokoke angger ketok ijo nha di pongan pangan wae lho…! Athik kuwi karpet. Athik opo Dus, Ojo marik-marik yo… Tak tinggal sedelok Aku kudu NGUYOH Wis KEBELET |
|
Kemudian Gembala itu meninggalkan kambingnya untuk buang air kecil, namun setelah kembali, betapa kagetnya dia, melihat kambingnya sudah buang kotoran |
|
|
: |
Eh…SADUBILLAH… Nha kowe kok NLETHONG leh Dus! Wis tak kandani ora oleh NGUYOH Ora oleh NLETHONG Ora oleh MLUMPAT PAGER ngono kok Nha ngene iki piye… saiki? |
|
Dengan sikap kebingunan, dan menggaruk-garuk kepalanya |
|
|
: |
Iki engkok nek konangan SATPOL PP sing loro aku DUS Ngene iki aku sing kenek DENDHO Luwung nek muk dikon ngeruk TLETHONGEM wae Nhanek sampek kowe digowo sabagai terdakwa piye? Gelem kowe? |
|
Kesal karena kambingnya tidak memberi jawaban, dia kembali membentak kambing gembalaannya |
|
|
: |
Kowe MBAK…MBEK wae PLONGA – PLONGO… O … Rupaem koyo WEDHUS |
|
: |
Eh… piye iki… Tak keruk yo ora ono IKRAK… Mosok tak cakup tangan nho…? NGGILANI … Eh… nyusahno wong wae DHUS kowe iki |
|
Belum habis kebingungan si gembala, mendadak muncul 2 orang SATPOL PP |
|
Satpol PP 1 |
: |
(meniup peluit) Priiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiittttttttttttttttttttt………………... Prit …Prit… Prit… Prit… Ape opo aku mau …? |
Gembala |
: |
Lha yo emboh… kok malah takon |
Satpol PP 2 |
: |
Heh… operasi |
Satpol PP 1 |
: |
O … iyo… Operasi … operasi |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, yo… Kowe tak operasi … |
Satpol PP 1 |
: |
Halah… Ape operasi kok nganggo sepurane barang Kesuwen |
Satpol PP 2 |
: |
E … wong podho podho rumate pengeran |
Gembala |
: |
Operasi opo leh, Pak? |
Satpol PP 1 |
: |
E … penake toh nek takon… Operasi opo? |
|
Satpol PP 1 bertanya kepada sSatpol PP 2 |
|
|
: |
Iki operasi opo…? |
Satpol PP 2 |
: |
Hmmm… Mulai uteke ngaleh ning dengkul Sepurane… Operasi tata tertib |
Satpol PP 1 |
: |
Nha… iyo… Operasi TATA TERTIB Dadi kowe angon ning kene iki yo kudu dioperasi Melanggar aturan toh ora Nek melanggar aturan yo kowe kenek ukuman |
Gembala |
: |
Ukumane opo, Pak? |
Satpol PP 1 |
: |
Yo tergantung pelanggarane Nek wedhusem NGUYOH, kowe kudu ngepel Nek wedhusem NLETHONG kowe yo kudu ngeruk. Utowo mbuk cakup nganggo tangan |
Gembala |
: |
Ha… Dicakup tangan Pak…? Tapi wedhusku ora nlethong leh, Pak. |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, yo… Yo karek … |
Satpol PP 1 |
: |
Heh … Wis aku wae sing omong. Yo karek engko karuane |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane … Saiki ayo… |
Satpol PP 1 |
: |
HEH … Aku wae sing omong Saiki ayo di prikso Wedhusem NLETHONG toh ora |
Gembala |
: |
Wedhusku ora nlethong Pak…? Nha delok leh …! |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, yo … Nek wedhusem … |
Satpol PP 1 |
: |
E … Uwis leren … Aku wae sing omong … Nha nek wedhusem ora NLETHONG yo ora usah wedi |
Satpol PP 2 |
: |
Dadiyo ngono … Aku kok pandek mbuk Sẽ….rẽk wae Aku iki yo APARAT |
Satpol PP 1 |
: |
Kowe kuwi kesuwen … Opo-opo saitik kok nganggo sepurane Iki ora wayahe RIYOYO Sepurane iki engko wae nek RIYAYAN Wis ayo diprikso saiki |
|
Kemudian kedua Satpol PP itu memeriksa tempat sekitardimana kambing tadi digembalakan. Dan kemudian … |
|
Satpol PP 1 |
: |
Lha … Iki ono TLEHONG wedhus … Iki mesthi TLETHONGE wedhusem iki … |
Gembala |
: |
Ora Pak Iki ora TLETHONGE wedhusku iki |
Satpol PP 1 |
: |
Nha terus TLETHONGE wedhuse sopo …? Ning kene ora ono sing angon meneh sak liyane kowe Mosok iki TLETHOGEM, Pol…? |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane Aku ora tau NLETHONG Sepurane …yo.. Paling kuwi yo TLETHONGEM, Pol… |
Satpol PP 1 |
: |
Mbuk awur wae… Wis ngaku … Iki msthi TLENGOE wedhusem iki Ning kene ora ono wedhus sak liyane wedhusem |
Gembala |
: |
Ora, Pak… Nha delok leh … Iki paling wis gek ingi iki |
Satpol PP 1 |
: |
Halah … Ape mbuk tipu aku Aku mono Satpol PP professional Wis bar sertifikasi aku Nek TLETHONG gek ingi mesthi lak yo wis garing Lha iki isek teles ngene kok Lho wedhusem wae isek nyungar nyungir ngono kok Wis … nha ngaku … |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, yo … Nha ngaku wae lho… Ben urusane gampang Sepurane |
Gembala |
: |
Ayo saiki buktekno … Nha takoni wedhusku |
Satpol PP 1 |
: |
Anggitem aku iki KENTHI Uwong kok nakoni wedhus… Mbuk sampek NJLEBUT uwanem yo ra pe dijawab |
Gembala |
: |
Nha kan nggolek pembuktian leh Pak Nek ra mbuk takoni, Nha sopo sing pe ngakoni iki TLETHONGE sopo |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, yo … |
|
Mendengar temannya terus mengcapkan kata sepurane, Satpol PP 1 berteriak |
|
Satpol PP 1 |
: |
Ojo pandek SEPURANE WAE … Kaet gek mau kok sepuraaaaaaaane wae Kudu opo aku mau …? E … iyo… Du nangis aku … ngrasakno kowe Iki ora riyoyo iki ………………….. Sing tegas ngono lho …! Kondisi gawat kok pandek separ – sepur wae Ikii gawat iki Nek sampek ora ketemok sopo sing NLEETHONG Kowe karo aku iso DIPECAT GELEM kowe |
Satpol PP 2 |
: |
Yo sepurane wae… Aku emoh nek dipecat |
Satpol PP 1 |
: |
Nha iyo … Kok pandek separ – sepur wae Nha di introgasi sing keras Pokoke kudu ketemok sopo pelakune iki |
Satpol PP 2 |
: |
Heh … ( dengan nada membentak ) Sepurane yo … Nha ngaku… Sopo sing NLETHONG iki …? |
Gembala |
: |
Nha kok aku leh, Pak, sing mbuk bentelno |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, Nha sopo maneh… Sing ANGON ning kene muk KOWE dewe Sepurane, yo … Nek kowe ra gelem NGAKONI… Sepurane … Wedhusem tak SANDRA sebagai barang bukti Piye …? Sepurane lho yo … |
Gembala |
: |
OJO leh, Pak, WEDHUS iki tinggalane bapakku, Pak Jare mbokku kon ngrumat sing APIK… jagane suk mben aku sunat Nha nek mbuk sita, terus piye … Lak ora sido SUNAT aku … |
Satpol PP 1 |
: |
MULANE … Nha ngaku … |
Gembala |
: |
Nha aku ora melok NLETHONG leh, Pak Kok aku sing mbuk kon ngaku |
Satpol PP 1 |
: |
Ora kowe… Tapi wedhusem … Iyo toh ora … |
Gembala |
: |
Aku ora eroh, Pak. Mau aku kudu PIPIS dadi tak tinggal PIPIS sedelok Aku mbalik wis onok TLETHONG iki |
Satpol PP 1 |
: |
Dadi kowe yo nguyoh ning kene menisan |
Gembala |
: |
Ha …. Keceplosan … Ora leh, Pak. Maksudku kuwi aku mau ndelok wong nguyoh |
Satpol PP 1 |
: |
Wis… wis … Ora kenek MUKIR Mosok ono wong nguyoh kok DIDELOK kuwi Berarti yo omonganem sing DISIK mau sing bener |
|
Kemudian satpol PP 1 memerintahkan kepada Satpol PP 2 |
|
Satpol PP 1 |
: |
Wis ayo nang diborgol Ngenteni opo maneh, O … kopa-kopo |
Satpol PP 2 |
: |
Borgal borgol kuwi sing dingo borgol yo opo … Printah wae senenganem kuwi |
Satpol PP 1 |
: |
Yo wis nha diglandang wae Ayo digowo ning pak lurah |
Gembala |
: |
Ojo leh, Pak Kasihanilah aku, Pak Iyo…iyo aku tak ngaku |
Satpol PP 1 |
: |
Wis telat Iyo ora tetep kowe pelakune Ayo, nang dikeruk …! |
Gembala |
: |
Dikeruk nganggo opo… Wong ora ono ikrak kok dikeruk |
Satpol PP 1 |
: |
DICAKUP, nganggo tangan! |
Gembala |
: |
Eh … Pak … Kejam temen, pak Mosok tak cakup? |
Satpol PP 1 |
: |
Yo, kudu Kudu tanggung jawab |
Gambala |
: |
Piye … iki … Tak cakup toh ora iki |
Satpol PP 2 |
: |
Nang dicakup …! Sepurane, Yo… |
gembala |
: |
Iyo … iyo … HIYEK … |
|
Dengan wajah jijik, dan terpaksa, ahirnya gembala itu memungut kotoran kembing itu dengan tangannya |
|
|
: |
MISMILLAHIRROHMANIRROHIM…. |
Satpol PP 1 |
: |
Saiki ayo melok Nek ape ngaku nha ngaku ning ngarepe Pak Lurah |
|
Kedua satpol PP itu kemudian membawa gembala itu menuju ke kantor kelurahan |
|
BABAK 2 SELESAI |
Bocah Angon (2)
- 11320 dibaca
Komentar
terima kasih postingnya.
terima kasih postingnya. Membantu banget. Saya lagi belajar buat screenplay berkaitan cerita budaya. hen duo xie. :)
Tulis komentar baru