BABAK 3 |
||
|
: |
Panggung sepi. Level 2 terdapat property meja dan kursi. Background terdapat cermin gantung. Suasana menggambarkan keadaan dikantor kelurahan. Pak Lurah keluar menuju ke level 1. |
MONOLOG |
|
|
Lurah |
: |
E … dadi LURAH… yo ora nduwe PAMONG Yo wis Mergawe dewe |
|
Sambil membersihkan meja dengan sulak |
|
|
: |
Nha piye maneh, Pancen desane ora nduwe BENGKOK Yo ora ono sing GELEM dadi pamong Sak jane ngono sing kepingin dadi yo AKEH Tahun wingi wae sing ndaftar 30 uwong Tapi UJIAN kok ora ono sing lulus… Kuwi lho sing tak NGGUMUNI Mboh… Aku mikir pendudukku iki yo melok bingung Nha mosok wong 30 kok ora ono sing puinter salah sitok Nggarai bakate kabeh podho Bakate dadi MODIN kabeh Nha piye… Mosok ujian nilaine agama 90 kabeh Bareng pengetahuan umum 40…50… Yo ora lulus… Tapi yo pancen ora kenek disalahno… Marai sing nggawe pertanyaan yo ora MUNASABAH Mosok pertanyaan kok kon ngitung piro akehe RT sak Kabupaten Kuwi isek lumayan Nha munggoh pertanyaane… Piro akehe TENGER ning kuburan sak Kabupaten Lak KEPOR-KEPOR no sing njawab E … Yo wis tak rangkep kabeh Yo dadi KEBAYAN Dadi KAMITUWO Dadi JOGOBOYO Sing seneng kuwi nek wayahe MANGANAN Lurah ngrangkep dadi MODIN, dadi oleh berkat dobel. Lumayan dikarak |
|
Lurah berpindah dari level 1 ke level 3 |
|
|
: |
E … ngilonan sik cah Yah ene iki wayahe ono penduduk sing butoh bantuan Ko nek Lurahe katok kumus-kumus lak yo saru |
|
Lurah menuju ke cermin, bergaya sebentar, kemudian kembali lagi ke posisi awal di level 1 |
|
|
: |
Bocah-bocah iki NENDI toh… Nduwe anak buah 2 wae nha ora ono sing kenek di JIBNO Sing sitok, angger opo-opo sakithik SEPURANE Sing sijine angger ape opo-opo mesti takon APE OPO AKU Nha bayarane njaluk MUNDAK wae Wis mboh… |
|
Tidak berapa lama kemudian, kedua Satpol PP itu menghadap Pak Lurah |
|
Satpol PP 1 |
: |
Pak Lurah … (dengan nada setengah berteriak) |
Lurah |
: |
(Sampil mengacungkan kepalan tangan) Hayo … Nha takon AKU APE OPO toh… |
Satpol PP 1 |
: |
Lapor, Pak |
Lurah |
: |
Lapor opo…? |
Satpol PP 1 |
: |
Ape lapor opo aku mau, Pak? |
Lurah |
: |
Lha… Rak tenak toh… Mbuk kolo-kolo kuwi utekmu dideleh ning bathuk… Ojo dideleh ning dengkul … Dadi ora pandek takon pe opo…. Terus |
|
Kemudian pak Lurah bertanya kepada Satpol PP 2 |
|
|
: |
Ape lapor opo…? |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, Pak… |
Lurah |
: |
Iki yo ngono menisan … Pandek sepur…wae Sing jelas…! Nek pe lapor nha lapor Ojo PRUNDAL-PRUNDUL |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane , Pak Lurah … Iki mau ono bocah angon ning taman Terus NLETHONG Ora gelem ngakoni Ngono lho, Pak Lurah Sepurane … |
Lurah |
: |
He … Bocahe NLETHONG …? |
Satpol PP 2 |
: |
Sepurane, Pak Lurah… Wedhuse sing NLETHONG |
Satpol PP 1 |
: |
LHA… Maksudku yo kuwi, Pak Lurah … Aku mau lali … |
Lurah |
: |
PREEEE…TTTT Saiki endi bocahe? Gowo rene! |
Satpol PP 1 |
: |
Ayo…kono nang maju (sambil mendorong gembala kea rah Pak Lurah Nha ngaku …! |
Lurah |
: |
Kowe sing NLETHONG…? E … kliru … Maksudku wedhusem sing NLETHONG…? Nha karepem piye kok moh ngakoni He ...? |
Gembala |
: |
Nha wong sing NLETHONG ora aku leh, Pak Lurah Kok aku sing kon ngakoni |
Lurah |
: |
Tapi kuwi wedhusem Artine kuwi dadi tanggung jawabem |
Gembala |
: |
Nha mau yo wis tak kandhani leh, Pak Lurah Tak penging NLETHONG Tak Penging NGUYOH Nha dek’e ora ngandel kok |
Lurah |
: |
Ehm… Lehmu SABLENG Nek kenek mbuk tuturi jenenge lak ora wedhus Wedhus kuwi mono kewan Kewan kuwi ora ndenger TATA JANMANE menungso Wong angon kuwi kudu iso ngarahno opo sing diengon Dadi nek kowe angon wedhus yo kudu ngawasi sak polahe wedhus Ojo sampek mincik marik-marik Ojo sampek mangan tandurane wong liyo Nek kiro-kiro ape nyenggut tandurane wong liyo yo digepuk Ojo sampek kowe sing ketiban masalah mergo ora iso dadi wong angon BEGITU … MUDENG …? |
Gembala |
: |
Nha terus saiki piye, Pak Lurah? |
Lurah |
: |
Nha kok piye …? Yo saiki wedhusem tak sita Sebagai tersangka sing melanggar aturan |
Gembala |
: |
Pak …Pak … Kasihanilah DAKU, Pak… Kuwi jagane aku sunat, Pak |
Lurah |
: |
Yo wis… Karena aku Lurah yang baik hati dan tidak sombong serta rajin menabung … Kesalahanmu dino iki tak maafkan Tapi nek sesuk kowe melanggar maneh Terpaksa wedhusem tak sita Tak gorok ditempat Wis saiki nha muleh Satpol PP…! |
Satpol PP 1 |
: |
Piye, Pak Lurah …? |
Lurah |
: |
Nha kono … Kembali berjaga Demi keamanan, keadilan dan kesejahteraan umat manusia Ha…Ha…Ha… |
Satpol PP 1 Satpol PP 2 |
: |
SIAP LAKSANAKAN, PAK LURAH |
Satpol PP 1 |
: |
Ayo, baris …! SIAP ……………………………….. GRAK …! MENGHADAP NGAREP……. GRAK…! |
|
: |
BRANGKAT ………………………………………………………. |
BABAK 3 SELESAI |
||
|
||
tamat |
Bocah Angon (3)
- 7143 dibaca
Komentar
Tulis komentar baru